Wedhi Putih Pesisir Parangtritis
Monday, April 9, 2012 6:51:23 AM
Sapa kuwi sing nangis?
Sapa kuwi
Sing diruket wengi
wengis
Wengi kang tanpa
lintang
Wengi kang tanpa
pepadhang
Ginawa angin pesisir
Parangtritis
Tangise geter nggreges
mambu atis
Ya mung tangis
kacingkrangan
Nggubet ing sandhingku:
dak singkiri aku
digondheli
dak adhepi aku ora wani
Dhuh, sapa kuwi sing
nangis? Sapa kuwi
Sing diruket wengi
wengis
Adzan shubuh lamat-
lamat angumandhang
Ing sandhingku ana
kenya manis:
ngguguk nggetuni getih
prawane wutah
nelesi klebes wedhi
putih-wedhi putih
pesisir Parangtritis
Sapa kuwi
Sing diruket wengi
wengis
Wengi kang tanpa
lintang
Wengi kang tanpa
pepadhang
Ginawa angin pesisir
Parangtritis
Tangise geter nggreges
mambu atis
Ya mung tangis
kacingkrangan
Nggubet ing sandhingku:
dak singkiri aku
digondheli
dak adhepi aku ora wani
Dhuh, sapa kuwi sing
nangis? Sapa kuwi
Sing diruket wengi
wengis
Adzan shubuh lamat-
lamat angumandhang
Ing sandhingku ana
kenya manis:
ngguguk nggetuni getih
prawane wutah
nelesi klebes wedhi
putih-wedhi putih
pesisir Parangtritis












