Weton
By islahyanifm. Sunday, 20. April 2008, 00:33:28
Sopo sing ngerti weton?
Weton iku dino pasaran nalikane manungso lahir, misale lahir ing dino Senin pasarane Pon yo dadi Senen Pon, biasane weton digawe kanggo nentokne dino apik kanggo pindah omah, nganten, ngedegake omah, malah (nuwun sewu) kanggo jimak sing pengen nduwe anak bagus sembarange utowo gawe liyane. Malah mitose wong tuwo sing ngerti dino pasarane anak e dipasani nganti anak e gedhe supoyo suk oleh panggaweyan becik lan uripe mulyo. Weton dhewe ono 5, yoiku Pon, Pahing, Legi, Kliwon lan Wage. Itung itungan Weton iki biasane digabung gabung karo itungan liyane, kayadene dino e lahir, jam e lahir, lan liyo liyane.
Tapi saiki tergantung wonge isih ngandel koyo ngono iku opo ora, mergo jamane wis bedo. Wis dho ora ngandel mitos, lan ora njlimet.

By Hannyvictor, # 21. April 2008, 09:55:01
njenenganipun dos pundi to...kulo tesih bingung kaliyan yuwie, mosok 3 jam kulo ngadepi yuwie mboten saged napi2? bingung kulo Be...
yuwie niki benten nggih?
Mbenjang2 Be...
By islahyanifm, # 21. April 2008, 15:07:08
By islahyanifm, # 21. April 2008, 15:08:57
waduh,,aku kok rodo gak percoyo ambek weton ..
tapi bapak mesti nyuwun didamelake bubur abang,,ngertos toh?
hehe
(waduh,,maap2 klo bahasa saya kacau,,)
hehehe
lan seliyane iku,,aku pernah diwoco sikapku ndeling soko weton ku,,
waduh,,aku tambah ora percoyo,,
hehehe
By purwandayani, # 23. April 2008, 15:24:16
bek kanggoku, aku percoyo ae.
wong aku putune mbah
*nglantur mode on*
yo kudu percoyo
By mirac1e, # 24. April 2008, 15:01:48
soale kombinasi paling duwur mung Sebtu Pahing = 18 (9 + 9).
cobi njenengan ngetung piyambak engkang sampun omah-omah pinten kira-kira jumlahe,..
lha nek sing lagi sir-siran monggo di jangkepke ben rejekine duwur sundul langit,..
Yo wis monggo dietung piyambak.
menika etungane :
1. Ahad = 5
2. Senen = 4
3. Selasa = 3
4. Rabu = 7
5. Kamis = 8
6. Jum’at = 6
7. Sabtu = 9
Nama Pasaran Neptu (nilai )
1. Legi = 5
2. Paing = 9
3. Pon = 7
4. Wage = 4
5. Kliwon = 8
suwun
By suryagunawan, # 25. April 2008, 07:23:32
By mirac1e, # 25. April 2008, 08:52:01
Pcy ga pcy!
Mas gun sugeng tepang!
Ugi badhe tangklet. Menawi cacahipun petung langkung saking 27 lajeng kepripun mas?
By Senthir001, # 25. April 2008, 11:54:06
By mirac1e, # 25. April 2008, 12:33:22
By Senthir001, # 26. April 2008, 03:46:55
sugeng tepang sedanten, lah cah ayu e ndi kok ra katon?
By liebedich, # 26. April 2008, 06:58:23
#mas liebedich makasih udah mampir dan gabungan disini,
mbak islah masih sibuk jadi belum bisa datang
By mirac1e, # 26. April 2008, 14:05:57
By liebedich, # 26. April 2008, 15:36:41
By liebedich, # 26. April 2008, 15:38:40
Serasa manggil diri sndiri neh.!
By Senthir001, # 26. April 2008, 16:37:22
Senthir kuwi rak dimar alias teplok tho he he he
ning sing penting rak dudu kethir,..he he he nyuwun sewu guyon,..
menawi cacahipun luwih 27 nggih mboten menopo menopo , namung peritungan jawi percados nek jumlahipun 27 niku amba rejekine,..
lha nggih monggo belipit or not,..
By suryagunawan, # 28. April 2008, 01:50:19
geh panci leres artosipun dian utawi lampu.ingkang bakenipun pepadang kadhos dene suryo.
Dados mekaten mas geh,manawi langkung cacahipun mboten adhamel punopo.
Matur suwun sampun dipun paringi tetesan ngilmu.
By Senthir001, # 28. April 2008, 06:28:12
ra mudeng aku,
halah halah
alus tenan boso e.
aku iso e cuma pojok kampungan thok
By mirac1e, # 28. April 2008, 09:36:42
By putrokresno, # 1. May 2008, 13:14:51
sepurane sing wakeh, aku jarang online sbab sibuk nyambutgawe.
o iyo maturnuwon link è
By mirac1e, # 6. May 2008, 13:16:28
By r4dit3, # 22. May 2008, 19:15:58
By mirac1e, # 27. June 2008, 23:17:21
coy kmu jngan sedih lgi ya....biarlh yang lalu biar berlalu..... ok kmu hrus tegar hadapi smuanya...dan menerima dengan hati tabah
By anonymous user, # 25. August 2008, 07:10:37
By mirac1e, # 27. August 2008, 03:29:44