Skip navigation.

exploreopera

| Help

Sign up | Help

Njagong, Leyeh - Leyeh ing Sawah

Uenaaak e polllllll....

avatar

Jatidhiri Jawi ingkang sejati

Budaya Jawi kasebat adi luhung amargi mengku perangan budaya ingkang nuntun dhateng kaendahaning bebrayan. Pramila lajeng mbabar prasetya wonten ing sesanti: Memayu hayuning bawana, memayu hayuning jagad, memayu hayuning nusa bangsa, miwah memayu hayuning sasama. Budaya Jawi hanggadhahi ciri-ciri adi luhung amargi mengku pangawikan ingkang tumuju dhateng kawaskithan, kawiryan, kawicaksanan, kaluhuran tuwin kasampurnaning gesang.
Kathah sanget wedharan susastra Jawi ingkang caket tuwin raket kaliyan ingkang murba lan masesa jagad. Kalebet ing ngriki jagad cilik (mikro kosmos) tuwin jagad gedhe (makro kosmos). Filsafat Jawi dipunngendikakaken langkung jangkep katimbang filsafat kilen (Barat) ingkang underanipun wonten ing kawicaksanan.
Jatidhiri Jawi ugi katingal saking filsafat Jawi ingkang langkung onja katimbang filsafat ing tlatah sanesipun. Menapa kemawon ingkang dumados ing tanah Jawi wiwit brang kilen dumugi tlatah brang wetan saget dados titikan minangka Jatidhiri Jawi ingkang maneka warni. Ing saben tlatah pinanggih ciri-ciri budaya ingkang mboten sami kaliyan tlatah sanesipun. Sesanti adikaryanipun Mpu Tantular wonten ing kitab Sutasoma inggih menika: Bhinneka Tunggal Ika saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang sejati.
Samangke, sesanti Bhinneka Tunggal Ika sampun manunggal minangka jatidhiri Nuswantara tuwin inukir wonten lambang nagari peksi Garudha. Kanthi menika, Pancasila ingkang nyawiji kaliyan peksi Garudha saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang lajeng dipunkukuhaken minangka dhasar miwah falsafah negari.
(tulisan ini dikutip dari FORUM PEMBACA SOLO POS).artikel selengkapnya baca dijagad jowo

WetonJagad Jawa

Comments

avatar
aku sing ngutip durung ngerti artine.


*Arti pengertian Memayu Hayuning Bawana ini menegaskan bahwa segenap tubuh manusia (kita) di dalam jiwa dan tubuh jasmaninya saling berhubungan dan berkaitan secara seimbang dengan energi alam semesta yang membawa energi hawa dengan nafsu yang ada di jiwa kita, yang keduanya tidak bisa dipisahkan.(dikasih tau om google)


emang budaya jawa tidak bs terlepas dari hal2 mistis:idea:

By mirac1e, # 23. April 2008, 13:56:37

avatar
nggih pak, jawa niku majemuk :smile:
@mampir...

By islahyanifm, # 27. April 2008, 22:55:26

avatar
mbak is iki nandi ae?

By mirac1e, # 28. April 2008, 10:29:47

avatar
lek ora kleru lho mas "memayu hayuning bawana" iki njaga ketentreman lan kedhamean ana ing bumi, hehehe nyuwun agunging samudra pangaksami mas :smile:

By r4dit3, # 22. May 2008, 19:05:56

avatar
Oh bgitu toh artine mas radit,

aku biyen jupuk artine iku di Google,

By mirac1e, # 27. June 2008, 22:34:55

avatar
Memayu hayuning bawono iku podho karo rahmatan lil alamin.

By widjy, # 21. July 2008, 08:26:48

avatar
kalo arti per kata apa mas widjy?

By mirac1e, # 21. July 2008, 09:10:47

Write a comment

Comment
(BBcode and HTML is turned off for anonymous user comments.)

Please type this security code : 3d0def

Smilies

October 2008
MTWTFSS
September 2008November 2008
12345
6789101112
13141516171819
20212223242526
2728293031