Skip navigation.

Log in | Sign up

photo of Surya Gunawan

Omahe GendHul IreNg

Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dak- wenang marang sapepadhane.

August 2006

( Monthly archive )

Lompat Guling

Withing trisna jalaran saka kulina ,..
Ungkapan iki pancen tepak kanggo ngambarke hubungane Aye karo shinta ,.....
Mergo sering chating dewe cah loro, ora nate ngajak kanca milis liyane akhire cah loro resmi jadian, tanggal 14 wulan loro tahun winggi didadekne tanggal resmi jadian mesisan nepak-i dino palentin ,.....
tanggal 14 pebruari 2006 wingi genap setahun Aye karo Shinta olehe pacaran,.... kanggo memperingati setahune pacaran Aye karo Shinta arepe ngrayake nang Mediun mesisan ngenalne karo wong tuwane ,......
Cah loro janjian budal nyang mediun numpak bis ,...ben rodo gayeng nang perjalanan dewek-e milih mudun solo terus nyambung lewat tawangmangu , cemarasewu, sarangan, ngerong, plaosan, magetan, ngorang-ngareng,......nembe mediun,.........
Tapi ndelalah pas tekan sarangan colt L300 sing ditumpaki ndadak mogok,.....padahal jam wis nunjuk angka 09.00 wengi,....setelah debat eyel-eyelan cah loro akhire milih nginep nang Sarangan , mergo malem minggu losmen nang Sarangan wis podo kebak ,....ono siji sing isih kosong nangin dipane mung siji,.......
"Piye iki mas Aye" Jare Shinta , "Yo wis ora opo opo, mengko aku tak turu nang jobin" jare Aye nduduhke kesatrian-ne,...
Akhire cah loro mlebu nang losmen ,...Shinta mapan nang kasur (Wegah adus mergo sarangan adem), Aye njereng slimut njajal turu nang jobin,.....lagi limang menit olehe turu Aye tangi munggah kasur nyedeki Shinta ,.."Dik anyes tenan je, piye aku tak turu kene wae yo" Jare Aye,....Shinta meneng sedeluk terus semaur,....Yo wis nanging dipageri guling yo, kan awake dewe durung resmi dadi suami istri,....
Sak jam , rong jam , cah loro isih durung iso turu mung kethap kethip wae , bathine Shinta walah bocah iki kok meneng wae tho,...yo uwis turu wae lah,.......akhire cah loro keturon ,....moro moro srengenge wis mencungul,......(hayo ngeres kabeh yo pikirane)
Cah loro cek out ,...menyat arepe muleh, nang ndalan Aye nukokne topi sing ono tulisane "sarangan" kanggo Shinta,.........(mesra tenan ya)
Pas mlaku mlipir telogo ujug-ujug,.......wuuuussss angin gedhe,.... topine Shinta mabur duwur banget ,.....Aye dengan semangat 45 nguber,.... opo wae diterjang pager tembok siji setengah meter dilompati hupppp topine bablas cemplung telaga , moro moro Shinta nangis gero-gero,......."wis ora usah nangis mengko tak tukokne maneh ? " jare Aye ,......
"aku nangis ora mergo topi , aku mung gumun pager tembok 1,5 meter iso kok lompati kenopo dek bengi pager guling sing mung limolas centi ora iso kok lompati " ,..........

Catatan :
Cerita ini adalah kejadian nyata,..
Untuk menjaga kerahasiaan pelaku nama nama sengaja disamarkan,........


Ngombe Avtur

Iwan karo wachid koncoan apik, loro-lorone kerjo nang Lanud Iswahyudi bagian pengisian BBM Pesawat.
Bengi-bengi pas udhan deres, Lanud Iswahyudi Maospati sepi ora onok pesawat sing wani mudhun, wong loro iku malih nganggur gak onok gawean.
"Adem-adem ngene enake ngombe yo" jare Iwan.
"Wah iyo tepak iki. Awakmu tau krungu ora nek avtur iku iso diombe ?" jare wachid.
"Yo tau tho, jarene nek ngombe avtur iso mak busss !!..koe wani nyobak opo
?" Iwan mulai poyok poyokan.
Bar ngono bocah loro mbukak krane truk tanki avtur.
Wis warek ngombe bocah loro iku mulih terus keturon.
Isuke pas Iwan tangi, rasane awake sueger kuat.
Moro-moro enek tilpun muni, tibake Wachid sing nilpun.
"Piye koe Wan..?" jare Wachid
"Wah whuenak, kowe kepriye ?" jare Iwan.
"Awakku yo sueger pisan. Koe gak teler tho ?" jare Wachid
"Gak blas, aku yo gak ngelu blas. Wis pokoke enak. Sesuk nyobak maneh po ?" jare Iwan.
"Yo setuju, cumak aku arep takon, koe wis ngentut dhurung ?" takone Wachid.
"Dhurung.." jare Iwan.
"Wah gawat iki. Wis pokoke koe ojo sampek ngentut yo. Diempet wae sak
kuatmu. ." jare wachid.
"Lho opo masalahe ..?" Iwan bingung.
"Soale aku saiki neng Jakarta.."

Cerita ini hanya fiktif belaka
kesamaan nama pada cerita ini hanya kebetulan saja,....

Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake bayan Semun nuangis koyok cah kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake bayan Semun.
"Wis cup menengo nak ojo mewek, turuo maneh, iku ngono mung ngimpi" jare bayan Semun.
Isuke enek interlokal ngabari nek Bapake bayan Semun kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tho percoyo aku, iku ngono mung ngimpi, ayo gage ndhang turu maneh" jare bayan Semun.
Sesuke ono interlokal maneh nek ibuke bayan Semun tibo kepleset nang jedhing, mati pisan.
Pas pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake bayan Semun.
"Koe ojo percoyo karo ngimpi le, wis kono turu maneh" jare bayan Semun.
Anake turu maneh, ganti bayan Semun sing ora isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, mosok temenan aku arepe mati pikire.
Isuke bojone bayan Semun ganti sing nangis berok-berok.
"Kenopo koe iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare bayan Semun.
"Iku lho Pak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Tuku tissu gulung


Bayan semun dolan nang minimarket arepe tuku pakan kucing , pas arepe mbayar ditakoni kasire kowe tuku biskuit kanggo kucing iki opo kowe pancene duwe kucing , iki peraturan nang kene yen tuku pakan kucing yo kudu duwe kucing jare kasir-e mau , bayan semun ora protes muleh sedeluk ngendong kucing balik nang minimarket "iki lho kucingku" jare Bayan semun,......
sesuke Bayan semun balik nang minimarket arepe tuku pakan iwak-e , arep mbayar kasire takon maneh kowe opo duwe iwak kok tuku pakan iwak ? ojo ojo arep kok pangan dewe ,.... dilehne koyo ngono bayan semun ora protes , muleh nyiduk iwak nang akuarium dileboke plastik trus balik nang minimarket ,. " iki iwak-ku" jare bayan semun "yo wis iki pakane" jare kasire,........
sesuk-e Bayan semun ngowo kardus bekas indomi tengahe dibolongi sithik sak driji nang minimarket , lho sampeyan ngowo kardus indomi mrene kanggo opo ? jare kasire " iki lho lebokno rene drijimu nyang bolongan iki" semaure bayan semun,...kasire ragu " ora ora nyatek kok" jare bayan semun,....dibujuk bujuk akhire kasir mau gelem ngeboke drijine nang bolongan kardus indomi mau,... "lho kok empuk empuk iki kewan opo mun? kasir-e nguwek nguwek njero kardus mau nganggo drijine" bareng dicabut drijine mak breng ambune ora karuan ,...kasire grenengan,....wis ngerti tho ,...sakiki aku oleh ora tuku tisu gulung kango kamar mandi?

by.GI

Ngentutan


Bayan semun lunga periksa nang dokter.
"loro opo sampeyan mun?" jare doktere.
Bayan semun terus cerito , " ngene lho dok, wis sesasi iki aku kok malih ngentutan".
Sak jam iso ping pitulikur aku ngentut, cuma untunge entutku iki ora mambu tur yo ora ono beneke, dadi gak ono sing weruh yen aku ngentut. Lha iki pas aku lungguh neng ngarepe dokter wae wis ping telu aku ngentut, tapi dokter ora ngerti tho, mergo iku mau entutku ora muni tur yo ora mambu. Cuma aku ora kepenak wae mosok Bayan mbois koyo aku iki kok ngentutan".
"Ooo ngono tho,..Nek ngono tebusen resep iki, seminggu maneh mbaliko mrene" jare doktere.
Pas wis seminggu Bayan semun mbalik maneh nang dokter. "wis enak-an mun?" takone dokter. "aku gak ngerti obat opo sing dokter wenehke winggi, entutku sakiki kok ambune malih koyo ndok bosok gak karuan, sampek aku arep mukok, tapi untunge entutku isih tetep ora muni:, jarene Bayan semun.
"Berarti saiki irungmu sakiki wis ora buntu maneh, saiki tebusen resep iki yo" jare pak dokter.
"Obat opo maneh iku pak dokter?" takone Bayan semun.
"Obat kopok" semaure pak dokter karo mithes irung,........

by GI