Skip navigation.

Log in | Sign up

photo of Surya Gunawan

Omahe GendHul IreNg

Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dak- wenang marang sapepadhane.

Posts tagged with "Guyonan"

Guphak Pulute Bablas Nangkane

Jon Koplo adalah seorang perjaka perlente yang tinggal di sebuah desa di Kabupaten Magetan.
Karena merasa gagah dan tampan, maka ia punya nyali untuk naksir si kembang desa yaitu Lady Cempluk, anak Bayan Semun.
Di desa itu Bayan Semun punya kebun yang banyak ditanami pohon nangka, sehingga jika ada nangka yang siap petik tentu akan menebarkan aroma khas yang bikin kemecer tetangganya. Tak terkecuali Jon Koplo.
Koplo selain kemecer pada Lady Cempluk ternyata juga kemecer dengan nangka Bayan Semun.
”Wah, kalau benar bisa nggaet puterinya Bayan Semun, bisa jadi juragan nangka nih,” gumamnya sambil tersenyum.:idea:
Nah, suatu hari pas Jon Koplo ngapeli Lady Cempluk ndilalah ia mencium bau nangka yang mengundang selera ketika melewati kebun milik Semun.
Koplo pun lingak-linguk mencari asal bau harum itu.
Dan ketika dilihatnya sebuah nangka ranum cukup besar ngawe-awe tergantung di pohon yang tidak terlalu tinggi, penyakit iseng Koplo pun kambuh.
”Wah, nangkane katon cemolong. Titenana, mengko bakal kelakon tak eksekusi!” batine Koplo.
Koplo pun apel di rumah sang pujaan hati. Mereka asyik bercanda, ngobrol ngalor-ngidul, wis ta pokoke ngana kae-lah ngerti dewe tho.
”Sejak tadi Bapak kok tidak kelihatan ta Dik?” tanya Koplo.
”Iya... Bapak pergi ke rumah teman di Madiun,” jawab Cempluk.
Saking asyiknya, tak terasa sudah waktunya Koplo pamit pulang.
Ketika tekan kebun, Koplo kembali tergoda dengan aroma khas yang begitu menyengat hidung. Apalagi ia tahu kalau Bayan Semun sedang pergi.
Koplo turun dari pit motor dan langsung memulai aksinya.
Sesaat kemudian terdengarlah suara ”Bluk... bluk...”, dua buah nangka jatuh.
Sebenarnya Koplo hanya akan memetik satu saja nanging ada nangka lain yang juga mateng katut tersentuh dan ikut ceblok.
Nah, ketika hendak memungut nangka-nangka itu tiba-tiba...trengg teng tennng,..
”Wah... wah... waaah...! Pinter-e ya... wis petheng kok ya tahu nangka yang sudah mateng... he... he... he...” kata seseorang dari balik sebuah pohon nangka.
Mak bleggg...Homer: Doh!! Koplo serasa ketiban nangka sak uwite.
Ternyata Bayan Semun sudah berada di hadapannya.
”Terima kasih ya Mas Koplo... Ayo, dibawa sekalian ke rumah!” kata Semun dengan lembut tanpa nada marah sedikitpun.
Mereka berdua pun berjalan beriringan membawa dua nangka ranum yang ditaruh nang nduwur pit motor.
Bayan Semun nyekeli, sementara Jon Koplo sing nuntun. Sesampainya di depan rumah...
”Lho...?! Bapak sudah pulang? Kok bareng sama Mas Koplo?” tanya Lady Cempluk.
Sang Bopo Bayan Semun mung tersenyum, Koplo hanya bisa tertunduk kisinan.
Nek isa ngono ia ingin membuang dapure jauh-jauh.
Waktu itu rasanya kuuuisinan... sekali. Apalagi dengan Lady Cempluk. Namun ternyata Pak Bayan Semun bukan orang yang suka membuat malu orang lain.
”Tadi Bapak turun di ujung desa, jalan sekalian ngeronda kebun, siapa tahu ada nangka yang mateng. Eee... malah ketemu Mas Koplo. Kebetulan ada nangka yang mateng, langsung aku suruh memetiknya. Bukan begitu, Mas Koplo?” kata Pak Semun.
”Eee iya... betul begitu,:D ” jawab Koplo sekenanya.
Setelah ngobrol beberapa saat, Koplo pun pamitan lagi untuk benar-benar pulang ke rumah dengan perasaan yang berkecamuk nang dadane.
Gupak pulute bablas nangkane,..

Surat Semun

Awit isuk mau semun mung lungguh tenguk-tenguk sajak nglamun karo sok-sok tangane nulis-nulis nang lemah nganggo drijine,..
Lurah : "Mun kowe laopo tho kok tak mat-matne nglamun wae"
Semun : "Niki lho pak lurah , urip kulo ngantos sakniki kok mboten onten perubahan"
Lurah : "Ora ana perubahan piye tho karepmu?, anak nambah omah duwe kurang apa maneh"
Semun : "Inggih pak Lurah tapi griya kulo rak tasih setengah gedek setengah bata, batanipun nglepone nggih namung ngangge lendut sanes semen , niki napa wonten hubungane kalihan nomer griya kulo engkang 13 niki nggih"
Lurah : "oalah mun kowe kok percaya men karo Gendhulireng, kuwi ora ilmiah blas,...mungkin kowe ora nate ndonga marang Gisti Allah"
Semun : "Saben dinten kulo sampun ndonga lho pak , ngantos dridil,.."
Lurah : "Mungkin dongamu kurang khusuk,.."
Semun: "Sampun kok pak Lurah , malah saking khusuk-e oleh kulo ndonga, dompet kulo didudut kaleh bojo kulo mawon, kulo mboten kraos,.."
Lurah : "Mungkin pancen durung wayahe mun,.. Gusti Allah Ora Sare,.."
Semun : "Dereng wancine pripun tho pak lurah, kulo kekurangan rak sampun dangu , wakijan engkang sampun sugih mawon rejekine malah tambah deres,.."
Lurah : "Oalah Mun kowe kok ngeyel men tho, sakjane kowe iki njaluk apa tho,..umpane dongamu sak dek sak nyet langsung dikabulke karo Gusti Allah ning mung sepisan, kowe arep njaluk apa tha"
Semun : "Kula bade nyuwun arta kangge mbangun gubuk kulo"
Lurah : "Terus nek wis keturutan , omahmu gedong maglong-maglong ning kowe ora isa ngrumat , ora isa mbayar pbb, nek rusak ora isa ndandani , terus omahmu ambruk rak kowe malah ora duwe omah,.."
Semun : "Nek ngoten kulo bade nyuwun Pabrik mawon , rak onten hasile dados mboten kekurangan duwit,.."
Lurah : "Kowe duwe pabrik ning ora isa nglakok-ne sing becik , saya suwe pabrikmu malah bangkrut kowe diuber-uber buruh-mu dijaluki pesangon rak malah mbambung kowe, SD wae ora tamat kok arep mimpin pabrik,.."

Semun bingung apa ya sing arep tak jaluk marang Gusti Allah,..
Merga bingung Semun nulis surat ,...
Isine mung cekak wae:

"Sederek pembaca sedaya engkang minulya,...menawi Donga panjenengan sak dek sak nyet bade dipun kabulaken dining Gusti Allah, panjenengan sedoya bade nyuwun menapa,...?
Matur Sembah Nuwun
Bayan Semun

Endasmu Pecah

Pemilihan umum 2009 kari pirang sasi maneh , partai pulitik pada mulai ancang-ancang golek pengikut, nek th. 1977 biyen para camat oleh jatah VW safari saka golkar nek tahun iki PPS (Partai Penggemar Sembukan) bagi-bagi Mubil VW Wuareg kanggo para Lurah,..
Lurah pingkuk oleh jatah siji, masio sakjane durung pati iso nyopir,..apa maneh mubil mewah sekelas VW Wuareg iki,..
Saben dino Bayan Semun kongkon ngelapi nganti kempling,..
Pas udan gede pak lurah nyengklak mubil-e arep nglebok-ke nang garasi sing wis di siapke ,
Semun : "mundur pak terus terus kiri kiri , kanan sithik terus terus,.."
Lurah : "piya ta mun kiri kanan terus terus sing bener to leh mu ngabani,.."
Semun : "nggih pak lurus mawon terus ,...terus ,..teruss"

mara-mara bruaaakkk pranggggg,....mubile nabrak jendela kantor-e paklurah,..

Lurah : "kowe iki piye tho mun teras terus teras terus , nabrak kok isih mbengok terus endasmu pecah kuwi,..."pak Lurah ngamuk misuh-misuh,...
"Pak Lurah endas kulo tasih utuh engkang pecah niku wau jendelo kamar" jare semun karo nggowo pecahan kaca nako,..
"wooo dasar , tiiiiiiiiiiit yu darmi, tiiiiiiiiit jaran, tiiiiiiiiiit embokmu kuwi,...." pisuhe lurah ndridil,....

note :
mergo lurahe misuh jorok kelewat wates mula kena sensor, tiiiiiiiiittttt.....

Mulane

Merga "ketrucut" apa pancen saking lugune bab "serpis" wingi , bayan semun rada jaga jarak karo keling,..
wis seminggu semun ora "ngorbit" nang pos ronda, padahal biasane meh saben wengi semun melu gadangan nang pos ronda nganti beduk subuh,...
Suwe ora kethok Keling nyambangi nyang omahe semun,..
Keling : Mun kok pirang-pirang ndino ora njedul nyangdi wae,..
Semun : Nyang omah wae ling ,...
Keling : ooo, eh mun kowe ngerti sing jenenge Luna Maya ora,...
Semun : ora , luna kuwi sapa tho,...
Keling : Lunamaya kuwi artis top , sakiki dewek-e lagi raket karo Gendhul Ireng lho,..
Semun : Gendhul Ireng cah maospati sing ireng, elek tur botak kae,...
Keling : Iya, lho kowe ora ngerti gosip anyar iki ya,.. mulane melu-o jagong nyang pos ronda maneh ,..aja nang omah wae,...

sesuk-e keling nyambangi semun maneh,..
Keling : Mun kowe ngerti sing jenenge Ayu azhari, kae lho bintang sing lagi gawe sensasi soal klambine sing wahhh
Semun : ora, eneng apa,..
Keling : Pas acara maca puisi nang manggala wana bakthi , dewe-e ngandeng cowok anyar bocah mediun asli,..
Semun : masak tho , sapa sing digandeng,..
Keling : iku cah mediun sing sakiki manggon nang mbandung , nek gak salah jenenge Agung Prabowo,....
Semun : oooo hebat ya agung kuwi, isa ngandeng artis top,..
Keling : mulane mun meluo jagongan nang pos ronda tha ,..

Sesuk-e maneh,..
Keling : Mung kowe ngerti ora sing jenenge , Ari Wibowo,..
Semun : halah sapa maneh kuwi,..
Keling : winggi ari wibowo ngandeng cewek anyar maneh , langsung 2 kiwa
tengen cah mediun sing digandeng , di ajak nonton konsere Diana Rose,..
Semun : sapa ling sing digandeng Ari wibowo,..
Keling : jare inpotaimen jenenge Yuni gaos karo Idafaya,..masak ora ngerti gosip paling anyar kuwi mun,..mulane melu-o jagongan nang pos ronda ,..dadi ngerti gosip anyar,....

Merga anyel sesuke bayan semun nyambangi pos ronda sing biasane nggo jagongan,..
Semun : ling kowe ngerti ora sing jenenge Mbah Darmo,..
Keling : Mbah darmo sapa,...
Semun : Kae lho , wong Tinap sing omahe cedhak-e kang Depe , sing awak-e gede dukur kaya adi ray, tumpakane CB glatik,..
Keling : Ora weruh ki mun , terus gosipe apa ,..
Semun : Mulane aja jagongan nang pos ronda wae, nek kowe sakiki nang omah pasti kowe ngerti,
Mbah darmo kuwi rak sing "ngeloni" bojomu saben bengi nek kowe ora ono.

Aku Wis ngerti kabeh

Darminah anake Yu Darmi pancen usil , masio sakjane ora ngerti ning deweke rumangsa ngerti,..

"Mas aku wis ngerti kabeh" jare Darminah mbisiki kangmase sing lagi turu.
ora ngomong apa-apa kangmase langsung menehi duwit limang ewu "wis kana kanggo jajan , aja ngomong yen aku lagi teler ya"
"rebes mas" jare Darminah nampani duwit langsung mlayu metu kamar

pas bapake muleh saka kantor Darminah usil maneh, "pak aku wis ngerti kabeh"
karo rada kaget pak-e ngomong : "wis iki sangumu tak tambahi 20 ewu ben dina , aja ngomong karo ibumu ya nek aku sering mlebu kamar-e ngatmi"

Masio rada kaget tur ya kesel merga ngerti yen bapak-e selingkuh karo ngatmi batur-e ning duwit 20 ewu ditampani karo Darminah.

Merga ora kuat atine sesuke Darminah ngomong karo ibune maksud-e ben ibune ngerti kelakuane Bapake : "Bune aku wis ngerti kabeh" jare Darminah
Ibune kaget mbrebes mili : "oalah nduk jok ngomong karo bapakmu ya, yen aku sering lunga karo semun, tenan ya nduk iki tak wenehi duwit 30 ewu" tangane ibune mblesek-ne duwit 30 ewu nang tangane Darminah anak-e

Darminah meneng wae , deweke kesel banget merga sakiki ngerti yen keluargane ora karuan kabeh mulai bapak-e , ibune nganti kangmase rusak kabeh,..
Darminah methu saka omah , pas nang arep lawang ketemu karo Semun,...

"Ning Darminah iki aku nggawa surat kanggo bapakmuu , ana ora bapakmu" jare Bayan Semun
karo mrengut Darminah mbengok: "halah ora usah alasan kowe mrene rak arep ketemu ibuku tho, aku wis ngerti kabeh sakiki"

"oalah nduk akhire kowe ngerti dewe ya, mrene-o nduk kekepen bapak-mu, pancen-ne kowe kuwi anaku" jare Bayan Semun karo ndodok,...