Posts tagged with "Jawa"
Thursday, 15. May 2008, 01:51:08
Jawa, Lagu Dolanan
Mungkin untuk generasi sekarang sudah banyak yang tidak mengenal Lagu Dolanan (jawa) ini, terutama yang lahir diluar daerah jawa tentunya. Tetapi untuk bapak atau eyang kita tentu sangat akrab dengan lagu dolanan karena memang pada jaman dulu permainan modern belum banyak atau bahkan belum ada seperti Play Station misalnya yang menurut saya membuat anak menjadi individualistis atau senang menyendiri.
Dibanding dengan anak-anak masa dulu yang senang berkumpul melakukan kegiatan diluar rumah.
Berikut sebagian "Lagu Dolanan" yang masih saya ingat :
CUBLAK-CUBLAK SUWENG
cublak cublak suweng.. suwenge ting gelenter..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong
Sluku-sluku bathok
Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si romo menyang solo
oleh-olehe payung moda
tak jenthir ololobah
wong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleko dhuwit
Gotri nagasari
gotri legendri nogosari, ri
riwul iwal- iwul jenang katul, tul
tulen olen-olen dadi manten, ten
tenono mbesuk gedhe dadi opo, po
podheng mbako enak mbako sedeng, deng
dengklok engklak-engklok koyo kodok
Dayohe Teka
Ei.., dayohe teko,
Ei.., jerengno kloso,
Ei.., klosone bedah,
Ei.., tambalen jadah,
Ei.., jadahe mambu,
Ei.., pakakno asu,
Ei.., asune mati,
Ei.., guwangen kali,
Ei.., kaline banjir
Te Kate Dipanah
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate
Gek kepriye
Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pitik Tukung
Aku duwe pitik pitik tukung
Saben dina tak pakani jagung
Petok gok petok petok ngendok pitu
Tak ngremake netes telu
Kabeh trondol trondol tanpa wulu
Mondol mondol dol gawe guyu
Ilir-ilir
Lir ilir..lir ilir..tanduré wus sumilir Tak ijo royoroyo..taksengguh temantèn anyar
Cah angon.cah angon..pènèkké blimbing kuwi , Lunyu-lunyu ya pènèken kanggo masuh dodotira
Dodotira dodotira kumitir bedhah ing pinggir Dondomana jlumatana kanggo séba méngko soré Mumpung padhang rembulané
Mumpung jembar kalangané Ya suraka..surak horéé
Kate – Kate Dipanah
Te kate dipanah
dipanah ngisor nggelagah
ana manuk ondhe ondhe
Mbok sir bombok bok sir kate
Mbok sir bombok mbok sir kate
Menthok – menthok
Menthok menthok tak kandhani
Saksolahmu angisi-isini
Mbok ya aja ngetok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok-menthok mung lakumu
Megal-megol gawe guyu
Kupu Kuwi
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor-ngidul
Ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung sak paran-paran
Mbokya mencok tak encupe
Mentas mencok clegrok
Banjur mabur kleper
Cempa
Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung ecrek-enong ecrek-egung
Jago Kate
Jago kate te te te
Kukukluruk … kok
Amecece ce ce ce
Kukukluruk
Dibalang watu bocah kuncung
Keok … kena telehe
Njranthal … pelayune
Mari umuk mari ngece
Si kate katon nyekukruk
PADANG MBULAN
Yo, poro konco dolanan ning jobo
Padang mbulan, padange koyo rino
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake ojo podo turu sore
JAMURAN
Jamuran... jamuran...ya ge ge thok...
jamur apa ya ge ge thok...
Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung,
sira badhe jamur apa?
KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblungteyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo
KIDANG TALUN
Kidang talun
mangan gedang talun
mil kethemil...mil kethemil...
si kidang mangan lembayung
DONDHONG APA SALAK
dhondhong apa salak dhuku cilik cilik
gendong apa mbecak mlaku thimik thimik
adhik ndherek ibu tindak menyang pasar
ora pareng rewel ora pareng nakal
mengko ibu mesthi mundhut oleh-oleh
kacang karo roti adhik diparingi
PITIK TUKUNG
Aku duwe pitik, pitik tukung..
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji,
tak teteske...kabeh trondhol..dhol..dhol..
tanpa wulu..megal-megol.. gol.. gol.. gawe guyu...
JARANAN
jaranan-jaranan... jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher
GUNDHUL-GUNDHUL PACUL
Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
MENTHOK-MENTHOK
Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu
GAMBANG SULING
Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane
SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
jamu godong tela
suwe ora ketemu
ketemu pisan gawe gela
TAK LELO LELO LEDUNG
tak lelo lelo lelo ledung...
cup menenga aja pijer nangis
anakku sing ayu rupane
nek nangis ndak ilang ayune
tak gadang bisa urip mulyo
dadiyo wanita utomo
ngluhurke asmane wong tua
dadiyo pendekaring bangsa
cup menenga anakku
kae bulane ndadarikaya ndas butho nggilani
agi nggoleki cah nangis
tak lelo lelo lelo ledung
cup menenga anakku cah ayu
tak emban slendang batik kawung
yen nangis mudak gawe bingung
tak lelo lelo ledung..
Ada yang mau nambahi, Momggo,...
Tuesday, 13. May 2008, 08:59:11
Jawa, Jenenge apa
Anak Kewan
Anak Asu : Kirik
Anak Ayam : Kuthuk
Anak Angkrang : Kroto
Anak Bandheng : Nener
Anak Bantheng : Cendhet
Anak Babi : Gambluk
Anak Baya : Rete
Anak Banyak : Blegur
Anak Bebek : Meri
Anak Bulus : Kethul
Anak Cecak : Sawiyah
Anak Celeng : Genjik
Anak Cacing : Lur
Anak Coro : Mendhet
Anak Dara : Piyik
Anak Emprit : Indhil
Anak Gajah : Bledhug
Anak Garangan : Rase
Anak Gangsir : Clondo
Anak Gagak : Engkak
Anak Gemak : Drigul
Anak Gundhik : Rayap
Anak Iwak : Beyong
Anak Jaran : Belo
Anak Jangkrik : Gendholo
Anak Kancil : Kenthi
Anak Kadal : Tobil
Anak Kebo : Gudel
Anak Kemangga : Ceriwi
Anak Kethek : Munyuk
Anak Konang : Endrak
Anak Kodok : Precil
Anak Kucing : Cemeng
Anak Kutuk : Kotesan
Anak Lawa : Kampret
Anak Laler : Singgat
Anak Lamuk : Jenthik
Anak Lele : Jabrisan
Anak Luwing : Gonggo
Anak Lutung : Kenyung
Anak Luwak : Kuwuk
Anak Manuk : Piyik
Anak Macan : Gogor
Anak Merak : Uncung
Anak Menjangan : Kompreng
Anak Menthok : Minthi
Anak Sapi : Pedhet
Anak Singa : Dibal
Anak Tawon : Gana
Anak Tambra : Bokol
Anak Tekek : Celoto
Anak Tikus : Cindhil
Anak Tongkol : Cengkik
Anak Tuma : Kor
Anak Urang : Grago
Anak Ula : Kisi
Anak Walang : Dhogol
Anak Wedhus : Cempe
Anak Welut : Udhet
Anak Yuyu : Beyes
Godhong-godhongan
Godhong Asem : Sinom
Godhong Aren : Dliring
Godhong Cocor bebek : Tiba urip
Godhong Dhadhap : Tawa
Godhong Gebang : Kajang
Godhong Gedhang enom : Pupus
Godhong Gedhang tuwa : Ujungan
Godhong Gedhang garing : Klaras
Godhong Jati : Jompong
Godhong Jambe : Dedel/Pracat
Godhong Jarak : Bledheg
Godhong Kates : Gampleng
Godhong Kluwih : Kleyang
Godhong Kacang brol : Rendheng
Godhong Kacang lanjaran : Lembayung
Godhong Kelor : Sewu
Godhong Krambil enom : Janur
Godhong Krambil tuwa : Blarak
Godhong Lombok : Sabrang
Godhong Lempuyang : lirih
Godhong Mlinjo : So
Godhong Pring : Elarmanyura
Godhong Pari : Damen
Godhong Randhu : Baladhewa
Godhong Siwalan : Lontar
Godhong Tela : Jlegor
Godhong Tales : Lumbu
Godhong Turi : Pethuk
Godhong Tebu teles : Momol
Godhong Tebu garing : Rapak
Godhong Waluh : Lomah lamah
Kembang
Kembang Aren : Dangu
Kembang Blimbing : Maya
Kembang Cubung : Torong
Kembang Cengkeh : Polong
Kembang Duren : Dlongop
Kembang Dhadhap : Celung
Kembang Garut : Grameng
Kembang Gori : Angkup
Kembang Ganyong : Puspanyidra
Kembang Gembili : Seneng
Kembang Gedhang : Ontong/Tuntut
Kembang Jambe : Mayang
Kembang Jati : Janggleng
Kembang Jagung : Jeprak/Sinuwun
Kembang Jambu : Karuk
Kembang Jarak : Juwis
Kembang Kopi : Blanggreng
Kembang Kacang : Besengut
Kembang Kara : Kepek
Kembang Kencur : Sedhet
Kembang Kanthil : Gadhing
Kembang Kelor : Limaran
Kembang Kapas : Kadi
Kembang Kecipir : Cethethet
Kembang Kluwih : Onthel
Kembang Krokot : Naknik
Kembang Krambil : Manggar
Kembang Lombok : Menik
Kembang Lamtoro : Jedhidhing
Kembang Mlinjo : Kroto
Kembang Nangka : Babal
Kembang Pete : Pendul
Kembang Pandhan : Pundhak
Kembang Pace : Nyreweteh
Kembang Pring : Krosak
Kembang Pohong : Ingklik
Kembang Randhu : Karuk
Kembang Salak : Ketheker
Kembang Suruh : Drenges
Kembang Tales : Pancal
Kembang Tebu : Gleges
Kembang Timun : Montro
Penthil
Pentil Asem : Cempaluk
Pentil Jambu : Karuk
Pentil Jagung : Janten
Pentil Jambe : Bleber
Pentil Krambil : Cengkir
Pentil Kacang : Besengut
Pentil Manggis : Blibar
Pentil Nangka : Babal
Pentil Pelem : Pencit
Pentil Randhu : Plencing
Pentil Mlinjo : Kroto
Pentil Semangka : Plonco
Pentil Timun : Serit
Isi-isian
Isi Asem : Klungsu
Isi Duren : Pongge
Isi Kluwih : Bethem
Isi Nangka : Beton
Isi Pelem : Pelok
Isi Randhu : Klentheng
Isi Salak : Kenthos
Isi Semangka : Kwaci
Isi Sawo : Kecik
Isi Kecipir : Botor
Isi Jambe : Jebug
Isi Kates : Trempos
Isi Krambil : Kenthos
Isi Kluwak : Pucung
Isi Mlinjo : Klathak
Woh-wohan]
Woh Aren : Kolang kaling
Woh Bengkowang : Besusu
Woh Cengkeh : Polong
Woh Gebang : Krandhing
Woh Jati : Janggleng
Woh Kesambi : Kecacil
Woh Kanthil : Gandhek
Woh Kelor : Klenthang
Woh So : Mlinjo
Woh Turi : Klentang
Woh Uwi : Katak
Wit=witan
Wit Jagung : Tebon
Wit Telo : Lung
Wit Aren : Ruyung
Wit Pari : Damen
Wit Jambe : Pucang
Wit Gedhang : Debog
Wit Siwalan : Tal
Wit Kapuk : Randhu
Wit Kacang : Rendheng
Wit Pring tuwa : Bungkilan
Wit Pring enom : Bung
Wit Mlinjo : So
Wit Krambil : Glugu
Wit Jati enom : Janggelan
Tali
Amben : Tali weteng jaran
Dhadhung : Tali kanggo nancang sapi
Dhandan : Tali kanggo nggeret glondhongan kayu
Elis : Tali kendhali
Goci : Tali layangan
Godhi : Tali gombal
Jala jala : Tali kanggo mbendheng kelir
Janget/Ulap ulap : Tali blebet garane pethel
Jejet : Tali plipitan
Keluh : Tali ing irung sapi
Klanthe : Tali caping
Koloran/Usus usus : Tali Kathok
Pluntur : Tali kanggo nggantung gong/nyangga gamelan
Salang : Tali pikulan
Sawed : Tali pasangan sapi
Sendheng : Tali gendhewa/langkap
Setagen/Sabuk/Setut : Tali weteng wong
Suh : Tali sapu
Tutus : Tali saka irat iratan pring/penjalin
Ulur : Tali kanggo ngulukake layangan
Upat upat : Tali pecut
Uwed : Tali kanggo ngubengake gangsingan
Wektu
Watara jam 06 esuk diarani : Byar
Watara jam 09 esuk diarani : Gumatel
Watara jam 10 esuk diarani : Pecat sawet/Wisan gawe
Watara jam 12 awan diarani : Bedhug
Watara jam 02 awan diarani : Lingsir kulon
Watara jam 03 awan diarani : Ngasar
Watara jam 05 sore diarani : Tunggang gunung
Watara jam 05:30 sore diarani : Tiba layu
Watara jam 06 sore diarani : Magrib/Surup/Sandikala
Watara jam 07 wengi diarani : Ngisak
Watara jam 09 wengi diarani : Sirep bocah
Watara jam 11 wengi diarani : Sirep wong
Watara jam 12 wengi diarani : Tengah wengi
Watara jam 01 wengi diarani : Lingsir wengi
Watara jam 02 wengi diarani : Titiyoni
Watara jam 03 wengi diarani : Jago kluruk sepisan
Watara jam 04 wengi diarani : Subuh/Jago kluruk kapindho
Watara jam 05 esuk diarani : Saput lemah/Parak esuk
Tuesday, 13. May 2008, 05:24:22
Jawa
* Kahanan donya iku ora langgeng, mula aja ngegungake kasugihan lan drajadira, awit samangsa wolak-waliking jaman ora kisinan.
* Kahanan kang ana iki ora suwe mesthi ngalami owah gingsir, mula aja lali marang sapadha-padhaning tumitah.
*Sing sapa seneng ngrusak katentremaning liyan bakal dibendhu dening Pangeran lan diwelehake dening tumindake dhewe.
* Wataking manungsa iku kepingin kuwasa, nanging Pangeran iku bakal maringake panguwasa miturut kersane Pangeran pribadi.
* Janma iku tan kena kinaya ngapa, mula sira aja seneng ngaku lan rumangsa pinter dhewe.
* Rame ing gawe sepi ing pamrih, memayu hayuning bawana.
* Manungsa saderma nglakoni, kadya wayang saupamane.
* Mulat sarira, tansah eling lan waspada.
* Sabegja-begjane kang lali, luwih begja kang eling klawan waspada.
* Sing sapa salah seleh, lan melik nggendhong lali.
* Nglurug tanpa bala, sugih ora nyimpen, sekti tanpa maguru, lan menang tanpa ngasorake.
* Yen sira dibeciki liyan tulisen ing watu supaya ora ilang lan tansah kelingan, yen sira gawe kebecikan marang liyan tulisen ing lemah, supaya enggal ilang lan ora kelingan.
* Sing seneng gawe nelangsane liyan iku ing tembe bakal kena piwales saka panggawene dhewe.
* Lamun sira mung seneng dialem bae, ing tembe ketemu bab-bab kang kurang prayoga.
* Wani ngalah luhur wekasane.
* Ala lan becik iku dumunung ana awake dhewe, melik nggendhong lali, ngundhuh wohing pakarti.
* Sing sapa lali marang kabecikan liyan, iku kaya kewan.
* Ajining dhiri iku dumunung ana ing lathi lan budi.
* Yitna yuwana, lena kena.
* Ala ketara, becik ketitik.
* Klabang iku wisane ana ing capite. Kalajengking wisane mung ana pucuk buntut (entup). Yen ula mung dumunung ana untune ula kang duwe wisa. Nanging yen durjana wisane dumunung ana ing sakujur badan.
* Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
* Mumpung enom ngudiya laku utama.
* Sing prasaja, percaya marang dhiri pribadi.
* Ngelmu pari, saya isi saya tumungkul.
* Wong mati iku bandhane ora digawa.
* Wong iku kudu ngudi kabecikan, jalaran kabecikan iku sanguning urip.
* Wong kang ora gelem ngudi kabecikan iku prasasat setan.
* Wong linuwih iku ambeg welasan lan sugih pangapura.
* Perang tumrap awake dhewe iku pambudidaya murih bisa meper hawa nepsu.
* Ngelmu iku kelakone kanthi laku, senajan akeh ngelmune lamun ora ditangkarake lan ora digunakake, ngelmu iku tanpa guna.
* Turuten pituture wong tuwa.
* Wong kang ora weruh tatakrama udanagara (unggah-ungguh), iku padha karo ora bisa ngrasakake rasa nem warna (legi, kecut, asin, pedhes, sepet, lan pait).
* Wong pinter nanging ala tumindake, senenge karo wong ala.
* Wong linuwih iku kudu bisa ngepek ati lan ngepenakake atine liyan. Yen kumpul karo mitra kudu bisa ngetrapake tembung kang manis kang pedhes, sepet,bisa gawe senenging ati. Yen kumpul pandhita kudu bisa ngomongaketembung kang becik. Yen ana sangareping mungsuh kudu bisa ngatonake kuwasa pangaribawa kaluwihane.
Tuesday, 13. May 2008, 05:14:31
Jawa, Paribasan
Ada yang inget peribhasa jawa? ini ada sebagian paribasan yang sangat terkenal,..
Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk - Marani bebaya
Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat
Anak polah bapa kepradhah : Wong tuwo nemu ribed amarga polahe anak
Andhang andhang tetesing embun : Njagakake barang mung saolehe bae
Ancik ancik pucuking eri : Wong kang tansah sumelang yen kaluputan
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kapinteran
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh wong pinter
Bubuk oleh leng : Duwe niyat ala oleh dalan
Cebol nggayuh lintang : Duwe kekarepan sing mokal bakal kelakon
Cecak nguntal empyak : Gegayuhan sing ora timbang karo kekuatane
Cedhak celeng boloten : Cedhak karo wong ala njalari katut ala
Desa mawa cara,negara mawa tata : Saben panggonan duweni pengadatan dhewe dhewe
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi sathithik nyuwun sing akeh
Dudu berase ditempurake : Nyambung guneme liyan nanging ora gathuk
Emprit ambuntut bedhug : Prakara sepele dadi gedhe
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak ditambahi luwih kepenak maneh
Esuk dhele sore tempe : Ora manteban ati ( mencla mencle )
Gajah alingan suket teki : Lair karo batine beda banget,mesti bakal ketara
Golek uceng kelangan dheleg : Golek sathithik malah kelangan sing akeh
Gupak pulute ora mangan nangkane : Melu rekasane ora melu kepenake
Iwak klebu ing wuwu : Kena apus kanthi gampang banget
Idu didilat maneh : Njabel gunem sing wis kawetu
Jarit luwas ing sampiran : Wong duwe kapinteran nanging ora digunakake
Jati ketlusuban ruyung : Golongane wong becik kelebon wong ala
Jer basuki mawa beya : Kabeh gegayuhan butuh wragad
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong tanpa bukti
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana sing mbutuhake
Kebo nusu gudel : Wong tuwo njaluk wuruk wong enom
Keplok ora tombok : Melu seneng ora wragad
Kriwikan dadi grojogan : Prakara sepele dadi gedhe
Lahang koroban manis : Rupa bagus/ayu tur luhur budine
Lambe satumang kari samerang : Aweh pitutur bola bali ora digape
Legan golek momongan : Wong kepenak golek rekasa
Madu balung tanpa isi : Parapadu jalaran barang sepele
Mikul dhuwur mendhem jero : Njunjung drajade wong tuwa
Milih milih tebu oleh boleng : Jalaran kakehan pilihan wusanane oleh sing ala
Nabok nyilih tangan : Nindakake tumindak ala kanthi kongkonan
Nututi layangan pedhot : Ngupaya barang sepele sing wis ilang
Ngemut legining gula : Bareng kerasa kepenak lali asale
Nglungguhi klasa gumelar : Nemu kepenak tanpa melu rekasa
Othak athik didudut angel : Rembuge sajak kepenak bareng ditandangi jebule angel
Ora mambu enthong irus : Dudu sanak dudu kadang
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe cawe babar pisan
Palang mangan tanduran : Dipercaya malah ngrusak
Pitik trondhol diumbar ing padaringan : Wong ala dipasrahi tunggu barang aji
Pupur sawise benjut : Ngati ngati sawise kebacut
Rawe rawe rantas malang malang putung : Kabeh sing ngalang ngalangi disingkirake
Rindik asu digitik : Dikongkon nglakoni gaweyan sing cocok karo karepe
Sedhakep ngawe ngawe : Mareni tumindak ala nanging isih kepingin tumindak maneh
Sembur sembur adas,siram siram bayem : Bisa kaleksanan jalaran pandungane wong akeh
Sumur lumaku tinimba : Nawakake ilmu supaya diangsu
Timun wungkuk jaga imbuh : Kanggo jagan yen ana kurange
Tinggal glanggang colong playu : Keplayu saka tanggung jawab
Tumbu oleh tutup : Wong kekancan sing cocok banget
Ula marani gepuk : Njarag marang bebaya
Ungak ungak pager arang : Ngisin ngisinke pokal gawene
Wis kebak sundukane : Wong sing akeh banget kaluputane
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe katon njenggarong nanging mlarat
Yiyidan mungging rampadan : Wong durjana dadi alim
Yoga anyanggo yogi : Murid nirokake piwulange guru
Ada yang mau nambahi?
Tuesday, 13. May 2008, 04:55:42
Jawa
Di daerah Jogja ada basa yang diplesetkan dari aksara jawa "hanacaraka" , kalau anda pernah dengar atau
melihat tulisan DAGADU ini berarti matamu,..
Plesetan iki merupakan kombinasi saka mengutak-atik aksara jawa.
Aksara jawa baris 1 ditukar karo baris 3, baris 2 karo baris 4, dan sebaliknya baris 3 dengan 1, baris 4 dengan 2. Sedangkan kolom dan sandangannya sama.
Mekaten rumusipun,...
1. ha na ca ra ka =======> pa dha ja ya nya
2. da ta sa wa la =======> ma ga ba tha nga
3. pa dha ja ya nya =====> ha na ca ra ka
4. ma ga ba tha nga =====> da ta sa wa la
Tuladha (contoh) :
matamu ============> dagadu
kowé ==============> nyothé
turu ==============> gunyu
mangan ============> daladh
ayu ===============> paru
mas ===============> dab
lan sak piturutipun...... dst...
1 2 Next »
Showing posts 1 -
5 of 6.