Skip navigation.

Log in | Sign up

photo of Surya Gunawan

Omahe GendHul IreNg

Tepa slira lan mawas dhiri iku dadi oboring laku nggayuh rahayu, minangka jimat paripih tumraping ngaurip. Munggahe bisa nyedhakake rasa asih lan ngedohake watak drengki lan dak- wenang marang sapepadhane.

Posts tagged with "Panganan Jawa"

Apem


Keperluan:

250 gr glepung beras
1 iji endok pitik
115 gr gulo putih
250 ml santen encer
100 ml santen kentel
200 ml banyu anget2
½ sendok teh uyah
½ sendok teh vanille bubuk
½ sendok teh ragi instant/baking powder
Keju parutan / muisjes (chocolade hagel)

Nggawene:

* Glepung beras, uyah, ragi instant, vanille bubuk campur dadi siji.
* Gulo putih dicampur karo banyu anget2 mau, udek2 nganti ajur gulane.
* Glepung beras wis kecampur mau, di sok-i banyu gulo sitik mboko sitik, nganti adoan dadi lumer lan alus. Tambahno santen encer, udek-udek nganti roto.
* Panaske wajan cilik, olesi nganggo lengo goreng supoyo ora kelet.
* Banjr cemplungke adonan mau kiro2 sak sendok sayur banjur tutup sing rapet.
* Yen wis ½ mateng dibukak, lagi diwenehi 1 sendok makan santen kentel nduwure, banjur tutup maneh, let sedelo wuwuri nduwure serabi mau karo muisjes utowo keju parutan, tutup maneh sedelo, banjur diangkat. Susruk pinggire nganggo sotil cilik.

Kemplang


Keperluan :

200 gr glepung ketan
100 gr glepung beras
100 gr klopo parutan
1 sendok teh uyah
125 ml banyu
Lengo goreng sak cukupe.

Keperluan kanggo njobone:

100 gr gulo pasir
100 ml banyu
1 bungkus vanilla ( ± 4 gr )

Carane Nggawe:

* Glepung ketan lan glepung beras, klopo parutan, uyah campur dadi siji, banjur disok-i sitik2, uleni nganggo tangan, nganti ora kelet ning tangan (kalis), banjur digawe wujud lonjong-lonjong utowo bunder cilik. Gawe adonan mau nganti entek.
* Panaske lengo ning wajan, banjur goreng adonan mau nganti kuning kesoklatan. Angkat.
* Enkrongke banyu karo gulo pasir mau ono wajan. Banjur godog nganti umob lan tuo / kentel, (iki jenenge gulo Besto), banjur kemplang sing wis digoreng, dilebokke ono besto mau, banjur di-wolak walik nganti kabeh roto keno gulo. Angkat lan sajekno adem2.

Pepes Jamur


Keperluan:

250 gr jamur
100 gr pete
4 wungkul brambang cilik
3 lembar godong salam
3 lembar godong jeruk purut
5 lombok rawit
1 iji endog pitik
godong kemangi sak cukupe
1 sendok teh uyah
godong gedang sak cukupe

Carane Nggawe:

* Jamur kumbah resik. Iris2 ojo rodo kandel.
* Brambang dirajang tipis, pete disigar dadi 2, utowo dirajang tipis, lombok rawit dirajang.
* Tumis / gongso sedelo, brambang, pete, lombok rawit, aduk roto, lebokke salam ugo godong jeruk purut, jamur, uyah. Wolak walik sedelo. Angkat.
* Kocok endog pitik, banjur dicampur karo tumis jamur mau. Aduk2 roto.
* Siapno godong gedang sik wis dilap resik, bungkus pepes jamur mau siji2, banjur diwenehi kemangi setitik, lagi dikukus (stomen). Angkat yen wis mateng.
* Yen arep disajekno, pepes jamur mau dipanggang sedelo ning wajan , utowo oven (grillen) ± 20 menit, karo diwaliki.

Lopis jawa


Keperluan:

400 gr beras ketan putih
1 sendok makan banyu enjet (kapur sirih)
100 gr klopo parutan sing nom
250 gr gulo jowo
100 gr gulo putih
1 lembar godong pandan
150 ml banyu adem
½ sendok teh uyah
Godong gedang sak cukupe

Carane Nggawe:

* Gulo jowo, gulo putih, godong pandan, godog karo banyu nganti umob, lan kentel. Saring ning saringan, banjur di-dem-ke.
* Beras ketan pususi resik, atus-ke. Campur beras ketan mau, karo banyu enjet. Aduk2 roto. Klopo parutan carup karo uyah, kukus sedelo wae.
* Godong gedang di lap resik, di-suwek- suwek, watoro 8 cm. Gawe koyo nggawe contong-an (3 hoekjes) banjur diisi ± 3 sendok makan, beras ketan mau. Tutup rapet koyo nggawe wujud segi -3. Banjur di-biting-i.
* Gawe terus wujud ngono mau, nganti entek beras ketan-ne.
* Siapno panci isi banyu, godog beras ketan mau ± 2 jam , yen banyu rodo sat, iso tambahi nganggo banyu panas maneh. Godog nganti mateng. Angkat lan di-dem ke..
* Sajekno, karo klopo parutan banjur di-sur-i sirup gulo abang mau.

Resep dining Mbak Rien

Nagasari


Keperluan:

300 gr glepung beras
150 gr glepung hungkwee
3 lembar godong pandan
200 gr gulo pasir
1,5 lt santen
1 sendok teh uyah
4 gedang rojo sing wis mateng tenan ketok2 cilik
Godong gedang sak cukupe

Carane Nggawe:

* Panci isi santen sing wis dikek i gulo, uyah lan godong pandan, campurno pisan glepung beras ugo hungkwee, aduk2 nganti roto lan ajur, banjur engkrongke panci ning nduwur kompor, masak nganti kentel karo terus diaduk supoyo ngisore ora gosong. Banjur diangkat.
* Sediakno godong gedang sing wis di lap resik kanggo mbungkus.
* Lebokno ± 2 sendok makan adonan mau, isi karo irisan gedang mau, banjur dibungkus persegi dowo, lempit pucuk2e, banjur dikukus watoro 30 menit.