Bothok Teri
Friday, 9. May 2008, 06:02:03
Keperluan:
300 gr klopo parut sing isih nom.
50 gr pete
50 gr teri sing seger / teles
6 iji lombok ijo
10 iji lombok belis / rawit
5 iji belimbing wuluh
10 lembar godong salam
½ brambang bombay
4 siung bawang putih
2 cm laos
1 sendok makan gulo jowo irisan
1 sendok teh uyah (zout naar smaak)
Godong gedang kanggo mbungkus sak cukupe.
Carane Nggawe:
* Lombok ijo, rawit, di rajang miring.
* Brambang, bawang, uyah uleg lembut, laos diparut.
* Pete di rajang mirimg tipis2. Belimbing wulus iris2.
* Klopo, lombok irisan, teri, pete, lan belimbing wuluh, bumbu campur dadi siji, campur nganti roto, siapno godong gedang, carane godong gedang dilembarno, dekek godong salam ning ngisore disik , banjur isi karo adonan botok, ciduki 2 utowo 3 sendok makan, lagi dibitingi. (koyo wujud tum-tum an)
* Kukus ning dandang watoro 30 menit. Angkat.
* Sajekno.
Sumber Dening Mbak Rien