Skip navigation.

exploreopera

| Help

Sign up | Help

Bakul Bakwan

Enak-enak turu tengah wengi, anake bayan Semun nuangis koyok cah kewedhen.
"Aku ngimpi mbah Kakung mati ..." jare anake bayan Semun.
"Wis cup menengo nak ojo mewek, turuo maneh, iku ngono mung ngimpi" jare bayan Semun.
Isuke enek interlokal ngabari nek Bapake bayan Semun kenek serangan jantung, mati.
Minggu ngarepe, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku ngimpi mbah Putri mati...." jare anake.
"Wis tho percoyo aku, iku ngono mung ngimpi, ayo gage ndhang turu maneh" jare bayan Semun.
Sesuke ono interlokal maneh nek ibuke bayan Semun tibo kepleset nang jedhing, mati pisan.
Pas pitung dhinone ibuke, anake nangis maneh tengah wengi.
"Aku mimpi bapakku mati... " jare anake bayan Semun.
"Koe ojo percoyo karo ngimpi le, wis kono turu maneh" jare bayan Semun.
Anake turu maneh, ganti bayan Semun sing ora isok turu.
Ketap-ketip, pucet kewedhen dhewe, mosok temenan aku arepe mati pikire.
Isuke bojone bayan Semun ganti sing nangis berok-berok.
"Kenopo koe iku isuk-isuk wis mbrebes mili ?" jare bayan Semun.
"Iku lho Pak.... bakul bakwan langgananku mati...."

Tuku tissu gulungNgombe Avtur

Comments

avatar
untuk tujuan melestarikan budaya dan bahasa jawa,
saya mau menjadikan mas gendhul ireng jadi moderator.
karena saya liat mas ini suka nulis,
semoga tulisan mas nanti bisa membantu member di group ndok sawah.

jadi kalo mas mau nulis sesuatu bisa juga mas tulis di
group ndok sawah, pake bahasa jawa bisa pake bahasa indonesia juga bisa..
disitu moderatornya ada saya, mbak islah(orang jaww tengah tapi sekarang menetap di surabaya,
dan bekerja di denpasar bali).
dimohon kerjasamanya , terima kasih

By mirac1e, # 20. April 2008, 03:02:36

Write a comment

You must be logged in to write a comment. if you're not a registered member, please sign up.